CERPEN BAHASA JAWA
JUDUL: SIMBOKKU
TEMA: KATRESNAN IBU MARANG PUTRANE
TOKOH/PARAGA:-MBOK TINI
_LASTRI(16TAUN)
LATAR: GUBUK ING TENGAH KUTHO
KUTHO JAKARTA
KUBURAN
ALUR:CAMPURAN
SIMBOKKU….
Ing sawijining kutha Jakarta,ana ibu kalih putranipun kang golek rejeki ing ngisor panase srengenge. Kaluarga alit kang duka uripe amarga kalunta-kalunta saking kejeme ibu kutha. Mbok Tini inggih punika asmanipun lan Lastri kang umure 16 taun. Wis kira-kira 16 taun iki Mbok Tini dadi bapak lan ibu kanggo putrane. Mbok Tini inggih punika randha. Garwanipun wis tilar donya nalika Lastri ing goa garba.
Wonten ing sawijining dino,pepayungan srengenge,Lastri nyambut gawe. Lastri inggih punika nyambut gawe dadi tukang parkir.Mbok Tini dadi pemulung. Lastri iku duweni dhadha kang sajembar segara. Lastri ora isin utawa gengsi amarga Lastri pengen sukses senajan ana ing angen-angen.
Kutha Jakarta kang wis terkenal kejem. Lastri lan Mbok Tini lelungguhan ana ing ngarep toko kang dadi sendheyan Lastri golek rejeki.
“Nduk,kowe maem urung??iki mau aku nemu sega neng sampah ngarep restoran kae.”
“Dereng mbok,restoran pundi niku??
“Restoran cerak bangjo kae,eman-eman dasar wong sugih ra isoh bersyukur ya nduk!!!”
“Inggih mbok,pripun mbok??,”pitakone Lastri.
“Dina iki mungkin dudu rejekine awake dhewe nduk,hasile mulung muk oleh sitik padahal wes panas-panas,ya Allah,”sambate Mbok Tini.
“Sabar nggih mbok,niki cobaan saking kang Maha Kuoso,awake dhewe kudu sabar,mboten pareng ngeluh mbok,mboten sae,”wangsulane Lastri.
“Allah ora turu kok nduk,simbok yakin Gusti Allah Maha Adil...”
“Inggih mbok,mangga mbok,niki kula gadhah aqua sebotol saking pelayan toko,mangga diunjuk riyen,”.
“Ya iki kowe ya maem, enak ayam goreng awake dhewe tuku iwak we ra kuat toh?”
“Lha simbok pripun?sampun dhahar?”
“Ora nok,aku wis wareg kok nok!”
Surya wis wegah ngetokke sinare. Langit biru iku owah dadi kuning. Lastri lan Mbok Tini pinuju gubuk. Gubuk kang dadi eyupan Lastri lan Mbok Tini.Gubuk seka kerdus. Lastri lan Mbok Tini pinuju omah arep nindaakke sholat maghrib. Gubuk ukuran 8X5 meter kui sing dadi sendheyan sakwayah-wayah. Gubuk kang kanggo eyupan saking udan,panas,lan angin.Ora lali sakwise nindaake sholat Lastri nyenyuwun marang Gusti Allah supaya diparingi kabagaswarasan. Mbok Tini sampun sepuh. Lastrin ora tega ndelokke Mbok Tini golek dhuwit.
“Mbok,saestu panjenengan mboten nopo-nopo?kok pucet?”
“Ora papa nduk…kae ana beras segelas neng dhuwur meja nek koe ngeleh dimasak wae mengko lawuhe uyah neng wadhah aqua kae nduk,”.
“Mbok….(karo nangis) kula nyuwun pangapura mbok,kula dereng saget mbales sekabihane,kula mboten saget gawe panggalih simbok seneng….,”
“Nduk,aja nangis nduk,awake dhewe kudu kuat. Awake dhewe kudu bisa ngadhepi ujian urip.Kowe sesuk kudu sabar ya nduk nek simbok wes ra ana…!!”
“Simbok ngomong opo?????Kula wegah dhewe mbok,kula mboten kuat yen mboten wonten panjenengan,ampun ngendika ngoten….!!!!”
“Simbok krasa yen simbok umure wis ra dawa nduk,akhir-akhir iki simbok ngimpi diajak bapakmu sing wis ra ana lunga adoh….”
“Istighfar mbok…istighfar!! Niku namung kembange turu.Aja dipikir tenanan mbok,simbok bakal sehat,simbok bakal kalih kula.Kula janji nek dhuwite neng celengan wis oleh jutaan awake dhewe bakal pindhah seka gubuk iki.Kula janji mbok.”
Lastri banjur masak beras segelas.Piringe ngangge godhong jati sing diopek neng mburi omah,lawuhe uyah. Nanging kanggo Lastri lan Mbok Tini niku wis rejeki kang ora ana tandingane. Mbok Tini awake gari “lunglit”. Balung kulit. Ora madhang seminggu wis dadi kebiasaane Mbok Tini,sing penting Lastrin ora ngeleh,Lastri ora lara. Nanging Mbok Tini ngapusi Lastri. Mbok Tini ngomong yen dheweke sampun dhahar.
“Wis nok,gek maem wae aku ora ngeleh kok..”
“Kula mboten tegel mbok,wiruh sampeyan pucet.”
“Aku ora papa,wis toh!!! Aku arep sholat sik..”
Mbok Lastri pinuju sumur arep wudhu.Lastri maem ono ing ruang tengah. Papan kang ana kursi reot seka empring. Papan kang reget,akeh sawang,lan rereget liyane.Kang sak wayah-wayah kewan kewan cilik sebangsa tinggi bisa nyokoti kulit.
Mbok Tini watuk-watuk.Cayane pucet tanpa daya. Sakwise sholat banjur Mbok Tini teturon ing amben. Mripat ingkang nunjukake caya polos merem. Latri ing ruang tengah banjur njeluk-njeluk Mbok Tini amarga ora krungu suara watuke.
“Mbok,mboookk,mboookkkk….”
(lirih)”opo nok?jaga awakmu apik-apik ya. Kowe kudu migunani marang nusa lan bangsa aja kaya mbokmu iki,”wekase Mbok Tini.
“Mbok,ngapunten mboten matur ngoten niku,penggalih kula mboten enak…..”(Lastri nangis)
“Aku arep nyusul bapakmu nok,Iki wektune simbok pamitan karo kowe. Simbok njaluk ngapura ora isoh ngancani kowe nok…”.
“Simboookkkkkk…simmmboookkk…..simbooooookkkkkkkkkk,,,,!!!
(Nangis karo ngerakut Mbok Tini)
Awake Mbok Tini Anyep. Kaya es batu. Es batu kang ana ing njera awak. Jantung kang biasane detak, saiki mandheg. Ambegan kang sembribit saiki ora isoh dirasakke. Tangan kang biasane anget ngelus rambute Lastri, saiki kaku anyep. Mbok Tini Tilar donya. Lastri nangis.Banjur Lastri sadar wes ditakdirke marang Allah SWT. Ora bakal ana kang isoh ngubah garis urip kang uwis dadi takdir.Meneng lan anteng.Lastri durung bisa ikhlas nyawang simboke kaku. Kaku krukupan jarik. Simbok kang ngopeni,simbok kang dadi kancane Lastri saiki wis kaku. Lastri sabar,Lastri maca istighfar lan maca yasiin ing sanding kupinge Mbok Tini.
Ora sue bar kui tangga kang senasib teka ing gubuk cilik. Gubung sing biasane ana Lastri lan Mbok Tini, wektu iku rame amarga arep ngucapke belasungkawa. Ora ana tenda,ora aba klasa.
Mbok Tini disareake ing mburi gubuk sing ora adoh seka gubuke Lastri. Sakwise rampung,Lastri meneng ndelokke lemah kang iseh teles. Lemah kang wangi kembang. Dadane Lastri sesek kelingan Mbok Tini. Nanging Lastri wis janji arep kuat. Lastri ora pengen Mbok Tini susah ing alam kubur. Ing penggalih Lastri janji bakal nepati apa kang dadi kekarepan simboke.”Kula tresno sampeyan mbok,”batine Lastri.(tamat)
Senin, 07 Mei 2012
Tugas Cerpen Bahasa Jawa-femaersani 11 ips 2
Diposting oleh femaersaladyrose | di 5/07/2012 03:33:00 AM |
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar